Assalamu'alaikum wr. wb. guyss ☺
disini ane mau ngeshare tentang cerita pendhek nih guys , cerita ini menceritakan tentang rumah yang di miliki oleh pak darpo itu banyak tikuus yang berkeliaran di mana mana .. lanjutnyaa di bacaa ajaa yaa ☺ biar tau asal mulanyaa dari mana tikus itu masukk ??
TIKUSE DARPO
TIKUSE DARPO
dening : Sumono Sandy Asmoro
Darpo
kaget, sasuwene iki ora rumangsa ingon-ingon tikus, jebul saiki ing omahe kebak
tikus. Maneka warna jinising tikus saben dina wira-wiri ana omahe. Kabeh
nduweni sandi, lan aweh tenggara saben ketemu kanca-kancane. Anggone kluyuran
golek mangsa ora ngemungake wektu bengi. Senajan wayah awan uga padha ora duwe
rasa sungkan golek pangan. Tikus-tikus kuwi sajak wis ora duwe rasa wedi senajan ketemu karo
manungsa.
Cit, cit, cit, .. swara ngono kuwi
saben wektu keprungu banter ing kupinge Darpo. Dheweke nganti jibeg golek cara,
kepiye supaya bias nggusah tikus-tikus keparat kuwi. Siji kena dipateni, sesuke
kancane teka nggawa bala sing luwih akeh. Nyawang polahe tikus, Sarpo kelingan
aji Candhabirawa duweke Prabu Salya. Tikus kuwi persis kaya aji Candhabirawa
ing crita wayang. Mula ora aneh yen sakiki omahe kebak tikus.
Darpo duwe niyat arep nyekel
tikus-tikus kurang ajar kuwi, nanging ora dipateni. Tujuwane supaya ora tambah
akeh. Sebab aji Chandhabirawa ing pewayangan kae yen siji dipateni bakal urip
loro. Loro dipateni bakal dadi papat, lan seteruse. Dheweke banjur golek alat
kaya dene krangkeng cilik sing digawe saka kawat. Ing njerone dipasangi
panganan karemane bangsa tikus. Yen nganti ana tikus seng mlebu, lawang
krangkeng kuwi bakal nutup dhewe lan ora kena dibukak saka njero.
Piranti kaya dene krangkeng gaweyane
kuwi dening Darpo banjur diseleh ana kamar makan. Sebab ruwang iku kang dadi
jujugane tikus sadurunge klambrangan tekan ngendi-endi. Kanthi piranti iku
dheweke yakin, siji mbaka siji tikus-tikus keparat bias dicekel. Kanthi
mangkono omahe bakal aman, bebas saka gangguwane bangsa tikus.
Sawise masang piranti kuwi Darpo
rumangsa marem. Wiwit sesuk esuk siji mbaka siji bansa tikus mesthi bakal dadi
tawanan. Mula anggone turu ing wengi iku uga katon angler.Cit,cit,cit swara
tikus sing undang-undang kancane babar pisan wis ora dipaelu. Saiki kluyurana sak
karepmu. Sesuk esuk kowe wes dadi tawananku, ngono grenenge Darpo jroning
batin.
Esuke
bareng karo swara jago kluruk kang kaping pisan Darpo wis nglilir. Dheweke terus gumregah mbuwang
kemul, mlaku alon-alon tumuju ruwang makan. Praene katon sumringah kebak
pengarep-arep, nggambarake krangkeng cilik gaweyane mesthi wis kebak tikus. Tikus-tikus kuwi mengko
bakal dijegurake ana tong gedhe tilas wadhah lenga tanah, lan ora diwenehi
mangan. Pokoke arep diukum ana kono. Nek mati ya ben mati dhewe. Sing penting
Darpo ora mateni. Kanthi mangkono tikus-tikus ing omahe kuwi ora bakal saya
tambah akeh.
Nanging
saiba kagete Darpo, barang tekan papan seng dituju. Jebul krangkeng cilik
gaweyane kuwi kothong mlompong, siji bae ora kelebon tikus. Panganan kang di
cawisake kanggo pancingan isih wutuh njeluh, babar pisan ora disenggol dening
bangsa tikus.
“Jangkrik
tenan, tikus keparat. Dipasangi panganan siji bae kok ora ana sing ngambus”,
swarane Darpo gumontang banter.
“Ana
apa ta, mas, isih esuk kok wis
bengok-bengok? Mbrebegi tangga lo”, Ratri, sisihane mara nyedhak.
“Iki
lho, Rat, tikus keparat. Dak pasangi krangkeng, siji bae ora ana sing mlebu.
Kamangka njerone wis
dak wenehi panganan kanggo pancingan.”
“Tikus-tikus
saiki pinter kok mas. Ora bakal dadi tikus nek gak pinter. Ngerti yen jenengan
pasani ora bakal ana sing gelem mlebu.”
“Lha
yen dipasangi ora ana sing kena, banjur piye carane nyekel tikus-tikus keparat
iki?”
Wong
loro banjur rembugan gayeng perkara bangsa tikus, sing saben dina wis ngganggu gawe lan
ngrusak ketrentamane. Pancen maneka warna cara wis ditindakake, nanging nganti seprene
during bisa antuk kerampungan. Omah sing dipanggoni kuwi saiki kaya-kaya wis dadi duweke bangsa
tikus.
“Nganti
omahe dhewe saiki kebak tikus, yen dak piker sing luput ya panjenengan dhewe
kok, mas,” swarane Ratri gawe kagete Darpo.
“Awakmu
kok bisa ngluputake aku, Rat?”
“Iya,
sapa maneh yen ora njenengan sing luput. Omahe dhewe kene iki biyen aman, mas.
Siji bae ora ana kliwere tikus. Bangsa tikus ora wani mlebu, awit ing omah iki
biyen ana kucinge”.
Tekan
kono Darpo banjur kelingan lan mbenerake kandhane Ratri. Biyen nalika isih ana
kucin, omahe aman saka gangguwane bangsa tikus. Nanging Darpo kuwi gething
banget marang kucing weruh kucing ngono bae saka rumangsane banjur mrinding,
kaya-kaya weruh samubarang sing paling nggilani ana ing alam donya iki.
Rasa
gething menyang kucing msu wiwitane nalika Darpo arep mangan. Wektu dheweke
mlebu ruwang makan, ndadak weruh kucing sing lagi mbukak wadhah lawuh ana
dhuwur meja, lan diambusi arep dipangan. Sanalika Darpo mutah-mutah ora sida
mangan. Dheweke nesu-nesu, nganti bojone sing lagi setrika klambi kaget terus
mara nyedak.
“Ana
apa tha, mas?” swarane Ratri kebak tanda pitakon.
“Kucing
edan, panganan arep dipangan kok diambusi. Pokoke omah iki wiwit sakiki kudu
bebas saka bangsa kucing. Kabeh kucing kudu dibuwang!” swarane Darpo sora.
Siji
mbaka siji kucing ingon-ingone dening Darpo banjur dicekel, diwadhahi karung,
terus dikeleke ana kali. Ratri sing satemene seneng ingon-ingon kucing ora wani
menggak kekarepane bojone. Awit Darpo sajake gething banget menyang kucing. Aja
maneh kucing tenan, ing atase lukisan kucing sing dipasang ana ruwang tamu bae
banjur dijupuk lan diobong ana tempat sampah.
“Pokoke
omah kene kudu bebas saka bangsa kucing”, ngono swarane Darpo gumontang.
Wiwit
kedadeyan iku pancen omahe Darpo aman, ora ana kledhange kucing sing ngganggu
gawe lan ngambusi panganan. Nanging sesuke siji mbaka siji bangsa tikus banjur
teka ana omah kono. Wiwitane mung siji, terus nggawa kancane. Nganti wekasane
omahe Darpo kebak tikus.
“Piye,
Mas, njenengan wis
kelingan?” swarane Ratri mbuyarake lamunane Darpo.
“Iya,
Rat, aku kelingan. Yen ngono supaya bangsa tikus padha ngalih saka omah kene,
apa awake dhewe kudu ngingu kucing maneh? Perkara panganan supaya ora siambusi
kucing mengko digawekake ruwang khusu sing sakirane ora bisa dileboni dening
kucing”.
“Ngono
uga prayoga, Mas. Ora ana alane awake dhewe nyoba. Muga-muga asile bisa
maremake.”
Dina
iku uga Darpo dolan menyang omahe kanca-kancane seperlu golek kucing. Dheweke
bali nggawa kucing ora kurang saka sepuluh. Karepe supaya tikus ing omahe cepet
entek. Awit kupinge krasa gatel lan panas saben krungu swara cit,cit,cit, sing
saben wektu blusukan ana omahe.
Kucing-kucing
kuwi dening Darpo ora mung dijaluk ngono bae. Nanging dituku kanthi rega
larang. Karepe supaya kanca-kancane padha eklas, lan kucing-kucing kuwi uga
bisa nyambut gawe kanthi becik. Nyekel tikus-tikus keparat sing saben wektu
ngganggu rasa lan pangrasane.
Nanging
emanae, senajan ing omahe wis
ana kucing sepuluh, tikus-tikus keparat kuwi babar pisan ora wedi. Saben dina
blusukan tanpa angon wayah. Sawayah-wayah swara cit,cit,cit, kuwi terus gawe
panase kuping. Tekane kucing-kucing kuwi babar pisan ora ana pengaruhe tumrap
bangsa tikus. Kosok baline kucing cacah sepuluh kuwi malah sajak kami gilanen
weruh tikus. Siji bae ora ana tikus sing dicekel.
“Ora
antuk gawe dhik awake dhewe golek kucing cacah sepuluh kuwi. Ora ana seng wani
mangan tikus.. tikus-tikus kuwi uga terus klambrangan, sajak padha ora wedi
menyang kucing”, swarane Darpo sajak nglokro weruh kahanan kang sanyatane.
“Iya,
Mas, pancen sajake jamane wis
owah. Tikus jaman sakiki wis
ora wedi maneh menyang kucing. Awit kucing-kucing saiki uga wis ora doyan mangan tikus. Panganane kucing
saiki wis
dudu tikus. Sajake antarane kucing lan tikus wis padha rukun. Tanpa guna njenengan
nekakake kucing samono akehe kuwi”.
“Lha
saiki terus piye, Dhik?”
“Yen
kucing wes ora doyan tikus, aku ya malih dadi ora seneng ngingu kucing. Ora ana
gunane. Luwih bcik kucing-kucing kuwi dibuwang bae. Tinimbang saben dina mung
makani, nanging ora kena dierah tenagane”.
“Terus
anggone nggurak tikus kuwi kanthi cara apa?”
“Mas,
jarene wong pinter, tikus saiki pancen wis
ora wedi menyang sapa bae. Sing diwedeni mung siji, yokui tikus sing luwih
gedhe”.
“Terus
ana ngendi golek tikus sing ukurane luwih gedhe?”
“Tikus
iku dudu barang dagangan, Mas. Yen di golek ora ana. Nanging yen klambi tikus
kuwi ana”.
“Karepmu
piye, Dhik?”
Ratri
banjur aweh krenah marang sing lanang supaya tuku sandhangan tikus. Ing
took-toko saiki akeh wong dodol sandhangan tikus. Awit perkara tikus wis dadi wabah ana
endi-endi. Saben omah dadi susuhe tikus. Kanggo nggusah bangsa tikus iku carane
among sawiji. Sing duwe omah kudu macak dadi tikus, mula perlu sandhangane
tikus. Yen weruh tikus sing luwih gedhe, tikus-tikus cilik iku terus padha
wedi, banjur pilih mlayu ngalih golek papan liya.
Darpo
sajak cocog karo krenahe bojone. Mula dheweke banjur menyang toko, tuku
sandhangan tikus. Sawise oleh, Darpo langsung dandan cara tikus. Sawise
wewujudane kaya tikus, Darpo terus mlebu metu ing saben ruwangan omahe. Pancen
bener, tikus-tikus kuwi katon padha wedi mlayu saparan-paran bareng weruh tikus
liya sing luwih gedhe.
Darpo
mesem jroning batin weruh tikus-tikus ing omahe padha mlayu ngalih. Uripe bakal
tentrem. Swara cit,cit,cit, kuwi uga ora bakal ngabangake kupinge maneh.
Bebarengan karo iku, Raras, anake sing kuliyah ana Surabaya teka. Anggone teka ora ijen, nanging
karo Mbah Brojo, simbahe lanang wadon. Wis
suwi Mbah ora nyambangi Darpo lan Ratri.
Raras kaget
bareng mlebu omah weruh tikus gedhe banget. Tanpa mbuwang wektu cewek manis
kuwi langsung njupuk alu ana pawon, kanggo menthung tikus. Wong telu sing lagi
mlebu omah kuwi sajak kaget, bareng tikus dipenthung kok sambat “adhuh”. Dening
Mbah Brojo banjur dicedhaki. Wong tuwa kuwi saya kaget bareng weruh jebul
tikuse kuwi Darpo. Tujune durung kebacut klenger.
nah gimanaa ceritanyaa guyss ? :D
biisa di simpulkan bukann ☺
0 komentar: